Laman

Minggu, 18 April 2021

Meghayati Doa Buka Puasa Bisa Menjadi Walli

Assalamu alaikum wr wb

Astaghfirullahal adzim 3x alladzilla illaha illa huwal qayumu wa atubu ilaihi

Syahadat 3x

Sholawat 3x

 

Latin : innal hamda lillaah nahmaduhu wa nasta'iinuhu wa na'uudzu billahi min suruuri anfusinaa wa min sayyiaati a'maalinaa man yahdihillaahu falaa mudhilla lah, wa man yudhlilhu falaa haadiya lah. Asyhadu allaa ilaaha illallah, wa asyhadu anna muhammadan 'abduhuu wa rosuuluh.

Arti terjemah dalam bahasa Indonesia : Segala puji bagi Allah yang hanya kepada-Nya kami memuji, memohon pertolongan, dan mohon keampunan.
Kami berlindung kepadaNya dari kekejian diri dan kejahatan amalan kami. Barang siapa yang diberi petunjuk oleh Allah maka tidak ada yang dapat menyesatkan, dan barang siapa yang tersesat dari jalanNya maka tidak ada yang dapat memberinya petunjuk. Dan aku bersaksi bahwa tiada sembahan yang berhak disembah melainkan Allah saja, yang tiada sekutu bagiNya. Dan aku bersaksi bahwa Muhammad adalah hambaNya dan RasulNya.

 

 

 

MENGHAYATI DOA BUKA PUASA BISA JADI WALI

BY GUS BAHA

 

Kiat dadi waline Gusti Allah, tanpa wiridan suwe suwe, wong gampang dadi wali iku pas mangan. Pun nak ngandel kulo

Wonten hadist yang sangat menggembirakan, mulane lakoni, kulo sik apal teks e

" Innallahata'ala layardho anil abdi idza akalal aklartar fayahmahduhu alaiha, ausyaribas syarbata fayahmahduhu alaiha ( Mutawatir )

Redaksine rasul niku nganggo Inna nganggo la

Innallaha ta'ala layardho : satemene Allah ta'ala iku yektine ridho,  wong sing di ridhoi Allah iku sak duwure wali.

Allah paling ridho ning kawulane nalikane mangan sakpulukan terus muji Allah

Betapa rohmate Allah iku jembar iso mangan

Ngombe Sacegukan ridho ning Allah,  betapa rohmate Allah jembar.

Katah katah rasul nak ngendikan muk safaat,  barang sacral safaat pas dhahar

Kabeh riwayat safaat kanjeng nabi itu nalikane dhahar

Lah kyai saiki jarang ngomong penting pas mangan jarang ngomong penting, soale nek pas mangan lahap tenan.

Nabi pas dhahar. Ngendikan. Sambil makan sampil kambing," Ana sayyidul awalin wal akhirin, aku suk mben sing mimpin ning akherat.

 

Wong bisa parek  pangeran iku pas dhahar.

Mangan iku melibatkan jutaan syaraf, jutaan fungsi tubuh.

Wali iku elling tenan , mangan ki kangelan tenan, sak pulukan eling allah. Mangkane kon ngunyah nganti ping 32. Nek wali iku tambah parah.

Lah saiki wong moco manakib kih pah poh, padahal syeh abdul qodir ngetoke kramate pas mangan pitik, lah sing di tiru mangan pitike thok, lah repot toh. Koyok wong bentho …repot repot.

Dadi niru wali tapi ora weruh ruh e.

Lah ulama kados kulo ra pati dipercoyo, saiki ulama karo wali iku bedo, nek wali ki sing kramat terus, nek ulama iku sing mulang . report

Tak warahi niku hadist shahih, mutawatir, di Bukhori ada, di at tirmidzi ada, al adabun mufrod ada,

 

" Innallahata'ala layardho anil abdi idza akalal aklartar fayahmahduhu alaiha, ausyaribas syarbata fayahmahduhu alaiha ( Mutawatir )

Kulo mboten sombong, niki tahadus bin ni"mah. Kulo sering mangan kaliyan anak kulo hasan, kawit cilik

Alhamdulillah ya hasan kita masih bisa makan., suwe suwe nggih terbiasa nggih dijiwai.

Secara lahir kulo nduwe mobil, nduwe pekerjaan, nggihkiyai. Tapi Alhamdulillah anak kulo nek Mandan niku ketok seneng.

Alhamdulillahya pak bisa makan. Sik eling.

Untuk bisa makan meskipun punya uang itu butuh sehat, butuh nggak stroke, butuh ndak ada musibah, tak latih. Rak tak tunggone nggih pun terbiasa. Sehingga walau peristiwa makan tapi merupakan peristiwa besar, ini nikmat allah yang luar biasa.

Nek wong saiki pengin dadi wali ndadak wiridan suwe ping sakmene, iku kangelan.ngandel aku. Nek diwarahi do ra ngandel. Wis tuwo Nek mangan do nganti glegeken ki piye. Ko iso tuwo model opo meneh.

Dadi tiap sak pulukan iku disyukuri, paham nggih.

idza akalal aklartar fayahmahduhu alaiha …..akla iku sakpulukan ….akala sak gerakan

dadi Gusti Allah paling ridho banget nek ono kawulane sing mangan sakpulukan ridho karo Gusti ne.

ora koyo wong saiki mangan ki kabeh di delok, ono ayam di delok, ono sate di delok …..kabeh di delok arep mangan sing endi sik. Lah gusti allah di deleh endi.

Wonten guru tasawuf mboten nate mangan nganggo garpu, lah kenging nopo to  …..aku nek mangan nganggo garpu kih angen angen koyo kepiting. Kepiting ki kanan oke kiri yo oke.

Nek mangan tangan kiwo dekek ngisor, ben ora koyo kepiting. Aku isin nek mangan tangan loro, kuatir koyok kepiting.

Kulo niku nyeksine bapak kulo, bapak kulo niku modern, nggih seneng guyon, kulo dereng weruh nek bapak kulo dhahar niku mboten dredheg, nganti sepuh nggih nganti kapundut.tiap dhahar niku ndredeg.

Kados mboten nyaman, koyok tertekan. Kulo sakniki paham, memang ini luar biasa, makan itu luarbiasa.

 

Makane kathah quran nyebut sifat kewalian dibarengi ayat mangan, mergo nek tepat caramu mangan niku ndadeke parek pangeran..

Salah sijine Kowe nganggep manusia itu lemah makane butuh mangan, niki dadi waline pangeran, mergo kowe ngakoni kowe dhoif, mletene ngene jebule butuh sego. Manusia iku goblok banget, ketika butuh presiden dianggap wajar, butuh perijinan butuh presiden butuh menteri, dianggap wajar. Sakjane menungso luwih hino timbang iku. Aku ora butuh presiden, aku orang ono presiden jik urip, ora ono menteri jik urip, nanging nek ora ono beras mbek banyu, aku iso mati, berarti kita lebih tergantung sama presiden apa air. Sama air. Tapi kowe karo presiden takluk, teko mbok sambut ngganggo karpet merah. Nek banyu teko mbok tinggal mlayu malah. Padahal anda lebih butuh air atau presiden. Air.

Sehingga kita minum penting sekali, makanya quran juga mengingatkan seperti yang saya katakan," qul aro aytum in  asfahama ukum quorum fama'yatikum bi maim.

Nek banyu entek kowe ngombe opo, nek presiden entek ono sing antri, sing wis ono wae dicoplok, sing kepengin yo akeh. Nek sing kepengin dadi banyu, ora ono, padahal nyawa kita bergantung sama air.

Kulo ndidik ngeten teng anak kulo, bojo kulo nggih memang banyak yang janggal, Gus kulo niku jarang weruh njenegan ndidik bojo anak ken tahajud tah dhuha, ndidik kok carane mangan, kowe ora weruh rasane dadi ulama. Mulane ngene iki nek ngomong semrawut. Yang paling dekat dengan kita itu nikmat mangan. Kita kecil hurung iso sholat, hurung wajib sholat cah cilik wis ono nikmat mangan, sebelum kita mukalaf  yo   wis ono nikmat mangan. Mangkane mangke sing diundat undah njing mben niku nggih urusan mangan. Sampe Allah dawuh " aman hadzalladzii yazurkukum in amsaka rizqo

Jal saiki mbok piker. Dzat sing ngrejekeni kowe setiap saat amsaka rizqo, mencabut rizki itu.

Lah saiki wong mangan dianggap biasa. Bar glegeken trus rokokan bar kui guyon kok wareg. Bar turu mangan, bar mangan turu, mangan nggo solusi iso turu, bar melek ngopi, lah trus pangeran posisine ning endi. Mosok ngono kyai. Iku musibah.

Makane nek pengin parek pangeran, nek mangan ki dijiwai tenan. Nek arep mangen muni bismillah, nek bar poso sedino buko, ndongane ." allahumma lakasumtu wa ala rizqika aftortu birohmatika ya arhamarrohiimin." Nek kowe ngaku poso tok, bangga posomu malah kon neruske poso tekan sesuk. Kita kuat poso mergo ono rezekine soko pangeran wa ala rizqika aftortu. Kulo saged mangan nggih rizkine Njenengan, wa bika amantu terus kulo iman nggih Njenengan. Dadi niki luar biasa, delok

Alhamdulillahiladzi atamana wasaqona wa ajalana wa simna qomhuriy, padahal nikmat paling gede adalah nikmat islam, tapi nek ra mangan yo mati tenan.

Kok iso bendino mangan tapi ora dadi wali, kok yo aneh tenan.

Nabi sulaiman niku nabi paling sugih sugihe nabi. Kulo cerito mawon, niki penting banget.

Kulo nangekke njenengan lewat qiyamulail kangelan.

Lewat shodaqoh kangelan. Mergo shodaqoh sahabat disik ikut minimal 1/3 hartane

Coba sing duwe duwik sak milyar wani ora shodawoh 250 juta. Ora wani kah . opo meneh sing mlarat ora wani kan.

Saiki lewat mangan wae.

Nabi sulaiman niku sugih sugihe nabi, kewane akeh, dinosauruse akeh, sing pokeke macem macem

Bojone akeh, pokoke sempurno, kui ijik cerdas.

Sugih tok ora nabi, trus mblegedu ( somse) yo rawan neroko

Nate ngirim satu pasukan. Pasukan perang. Ora koyo jaman saiki, peradaban tertua manusia adalah perang, jadi kalo irak iran perang ya mbarno wae, karena itu krn mbah mbahe.

Nek wong alim janggal perang, berarti ora kakean moco kitab. Wong perang itu peradaban manusia tertua.

Nabi sulaiman niku krungu omongane semut, pasukane nabi sulaiman arep lewat nggone daerah sing arep diliwati, komandan semut itu bilang hai para semut jangan lewat sini karena sulaiman akan lewat bersama pasukannya, nanti kalian terinjak, ketika anda terinjak, sulaiman sak jalane ora weruh.

" Ya Allah kulo niki syukur sekali karena mendengar suara semut." Karena dia mendengar maka menginstruksikan pasukan, " hai pasukanku jangan lewat jalur itu, karena itu jalurnya semut."

Anda jangan menginjak itu. Walhasil semut ketua matur nuwun mergo sulaiman mengalihkan pasukannya. Namlah semut ketua itu bersumpah akan memberi hadiah sulaiman, Cuma memberikan hadiah berupa satu biji gula. Aku ora weruh nyolong ning endi, mergo nek ora diarani nyolong mbuh entuk njupuk soko endi, mungkin soko pabrik gulo.

Ini bukti bahwa teori saya benar,dados niki kiat parek pangeran lewat dhahar.

 

Kulo tiap dikasih uang sama orang, iso ngumpulin duit meskipun rutin, " Ya Allah kok aku jik dikei duit karo pangeran, dadi tak anggep peristiwa besar.

Lah gobloknya kita karena udan terjadi tiap desember, seakan akanbiasa. Padahal kalo hal biasa ini dicabut Tuhan, maka aqidahnya jadi luar biasa. Paham.

Makanya semut itu ngetes nabi sulaiman, makanya dia bawa sebiji gula," kalo dia nabi dia pasti terimakasih sama saya, kalo tidak terimakasih saya berarti dia Raja."

Lah gedogane jarane sulaiman niku emas. Mlete mbuh ora yo ora ruh wong nabi ( sombong atau tidak lha wong dia nabi). Nabi ora iso diarani mlete (sombong).

Lah kandang kuda kok emas, tapi kata nabi itu untuk melecehkan emas.

Nabi yo aneh. Tempat tidurnya bukan emas tapi kandang kudanya dari emas,

Maka nya orang alim kalo gak kontroversi ya aneh.

Akhirnya semut itu matur ke sulaiman dengan dikawal beberpa hewan, ya namanya juga sowan ke raja. Makanya hewan lainnya mentertawakan semut, wong raja sulaiman sedemikian kayanya kok dihadiahi sebutir gula , bareng teko ning sulaiman, sulaiman niku seneng, kowe munggaho ning awakku, semut ngrangkak ning sikile sulaiman, merangkak naik ngantos teng bibire sulaiman, gulane di tempelke ke lidahnya sulaiman trus diemut sama sulaiman, , sulaiman yo seneng  banget karo nangis, jarene " podo mlarate saling nyumbang, senenge ora karuan. Jare semut, kowe nabi tenan.

Mergo untuk menunjukkkan ayat Allah ora ono bedane.

Cara kowe dadi waline Allah SWT, kowe iso mangan cukup yo gawok, werus semut sing ora sarjana yo iso nyukupi awake,yo gawok, tekek gobloke ngono ra tau sekolah yo iso mangan, ora mati yo gawok,

Dadi nek wong parek pangeran, ki weruh tekek yo gawok , ruh semut yo gawok, weruh kewan sing ora iso mlayu yo gawok, yo kok do mangan nganti tuwo. Sing tukang playon koyo manuk malah kecekel.

Menungso karo tikus pinter endi ? tikus ora usah gawe omah cukup pake plafon , gak usah utang toko bangunan.

Sing kangelan nggawe karo sing karek ngganggo pinter endi.

Makane dadi wong ora usah sombong, nek ono pertanyaan diwalik walik yo   wis repot kih,

Pertama menungso ruh duit rizki pakanan

Aku ora ngarep arep wong wong ngeki mangan aku.

Pangeran iku Dzat sing maringi mangan.

Saiki akeh wong bilang Alhamdulillah dapet nikmat hidayah. …..lah wong nek ora mangan ki mati.

Lah wis gampang,

Biso parek pangeran lewat mangan …..

Hadist ini kuat sekali, beterbaran di mana mana.  Termasuk di kutubushitah.

 

Ada ulama dipanggil raja

Yang satu makan biasa

Yang satu makan sambil nangis

.paling tidak yg satu prihatin

 

Nku dilatih

Ning tahajud.

Allah niku haq

Ciri alim, fatwanya gak popular di bumi, tapi popular di langit.

Fil laufim mahfudz

Allahu robbil alamiin

Tidak mensyukuri air itu sama dengan menantang Allah

 

Normale setiap mukmin itu wali

Maknane mukmin, itu takluk billah

Jangan sampe ngaku mukmin tapi takluk bil makhluk